Ala Lan Endahing Kahanan

Ana nagara, misuwur endahing patamanane, kekembangan kang tinandur ing keputren luwih satus warna, kapageran pacak suji emas, karengga ing beji, sinasrah ing watu cendhani, kinepung ing reca prunggu lan rerenggan liyane sarwa emas tinaretes ing sesotya.

Cedhak lan palenggahane sang putri, kasebaran sesotya warna-warna. Yen wayah esuk akeh kupune putih, abang, kuning, wungu, ijo, biru, lan ireng, padha miber pating saliwer golek maduning kembang, ndadekake wuwuhing asrine patamanan.

Sakehing kupu padha bungah-bungah lelangen ing patamanan. Ana ing kono padha ungkul-ungkulan bagusing elar, Wasana kupu kang putih celathu marang kupu liyane mangkene:

Delengen elarku putih resik, ora koyo elarmu katon reged pating celoneh, pating belentong sarta njuwarehi, sajatine ora ana warna kang becik ngungkuli putih, marga putih iku warna kang suci sarta bares, iya putih iku dhasare warna kabeh. Wong nulis, wong nggambar lan wong mbathik, kabeh dhasare putih, awit saka iku dluwang lan mori digawe putih, lan maneh akeh wong dhemen manganggo sarwa putih, mulane Gusti Allah nitahake kapas putih. Gamping tinitah putih, sababe omah uga becik kang putih, dalah atine manungsa becik kang putih, yaiku suci. Tembung putih sok digawe kembang lambe, dienggo ngupamakake barang kang suci utawa resik. Sarehne warna kang utama iku putih, mulane kupu kang bagus dhewe iya iku kang warna putih.

Kupu kang abang mangsuili mangkene :
Mungguh becike putih iku mawa-mawa kanggone. Ing atase rerenggan putih iku dudu kebagusan luwih-luwih rerenggan kang dienggo ngrenggani patamanan iki, warna putih kok arani suci iku dadi pucet, ora duwe guwaya. Mungguh anane kupu-kupu padha teka ing kene satemene dipikat nganggo madu, perlune dienggo rerenggan patamanan, mulane kang aran kupu bagus iya kang bisa muwuhi bagusing patamanan. Sarehne elarmu ora muwuhi kebagusan apa-apa tetep kowe iku kupu kang ala. Manawa kowe arep sumurup warna kang muwuhi kebagusan ndelenga warna kang ora pucet, dene warna kang ora pucet mangkono warna kang mbrengangang utawa menger-menger.

Ora susah adoh-adoh. Delengen kembang-kembang ing petamanan iki bae, koe banjur sumurup dhewe, endi kang moncol ing rupa yaiku kang abang. Mara waspadakna kembang cengger kae, abange menges tur menger-menger, mangkono uga kembang mawar, wora-wari bang, sepatu, padha pinunjul ing rupa sebab abang. Guwayaning wong kang bregas iya kang abang mbrengangang. Babaran kang bagus iya kang abang sumringah. Kajaba iku warna abang becik marang mripat. Lakar abang iku padha-padha warna gagah dewe lan moncol dhewe, mulane disenengi ing akeh, dalasan bocah cilik dhemen dolanan kang warnane abang, kang adhakan dipilih dhisik. Dadi keterangane : kupu kang abang kang bagus dhewe.

Kupu kuning ngrungu celathune kupu putih lan abang nyauri mangkene : putih katimbang abang nyata yen bregas abange, nanging abang katimbang kuning adi kuninge, tandhane emas luwih endah tinimbang tembaga utawa perak. Rerenggan kang kakehan abang njuwarehi, nanging ora ana rerenggan kaduk prada kang njuwarehi, malah sangsaya adi. Elinga pulasing wayang, upama wayang sakothak kaduk prada sangsaya bagus. Upama kaduk abang, genah yen ala, awit abang iku dhemenaning bocah cilik, wong tuwa ora arep. Balik warna kuning, kalengananing wong luhur.

Elinga kreta kencana, payung gilap, pasmen bara-bara, bludiran, gamelan, kabeh adi rupane, jalaran warnane kuning, mangkono uga barang rerenggan kang bagus, kang pating pancorong ana ing toko-toko lan ing omahe wong sugih, kayata : paidon, pateyan, wadhah kinang, wengku gambar, wengku pangilon, lampu bron, broman lan liya-liyane, kabeh kuning. Manungsa kang becik rupane iya kang kulit kuning, dudu wong kang abang. Kang kekulitane ora kuning, mangka bakal kanggo tontonan bajur ngaya aya golek atal, iya saking dene kepengin duwe awak kuning. Mula yen kuning pancen nyenengake. Cekake mangkene : warna putih pucet, warna abang gagah, nanging ora adi, dadi njuwarehi. Dene kang ora pucet sarta ora njuwarehi malah mriyayeni yaiku kuning. Apa ora mangkono?

Kupu wungu sumambung, warna kuning iku isih njuwarehi, wruhanmu kabeh, padha-padha warna kang mungguh dhewe, ngengreng dhewe lan ora njuwarehi dhewe iya iku wungu. Tandhane, babut babut abang ala, babut kuning ala, babut ijo kurang becik, nanging yen babut wungu, banget enggone semuwa lang ngengreng, luwih-luwih yen rinengga praboting omah kang pinulas sarwa wungu yaiku meja, kursi, bangku kang padha menges-menges pliture. Upama pulase abang utawa kuning tak kira kurang becik. Kembang cengger, katone menges-menges sebab wungu, mangkono uga kembang ragaina. Klambi wungu ngengrenge ora jamak. Upama wungu iku ora piniliha, sabab apa wong mbabar jarit pada golek soga, mangka ora kurang kang kena digawe ngebang utawa nguningi.

Apa ta sababe? Sababe yaiku warna abang lan kuning iku gunane mung kanggo tontonan utawa sesongaran, ora prasaja lan semu kaya wungu. Ing ngendi-endiya barang kang prasaja lan semuwa ora tau mboseni, mulane padha pinilala, prelune dienggo saben dina. Tuladhane kang adhakan yaiku soga. Padha elinga kang sosongaran mesthi ora lana, kanggone mung kala-kala , tur mung sawetara, kajaba kang pasaja lah iku kang lana, kanggo ing saben dina, seksine soga. Warna abang kuning candrane ladak, nanging yen wungu jinem nganggo guwaya, yaiku dadi sababe pasaja tur semuwa, tegese ora ladak nganggo ngengreng.

Kowe kabeh ora sumurup marang karsane kang Maha Kawasa enggone nitahake suket lan gegodhongan ginawe ijo. Iku becik pinikiren sebabe. Mara timbangen : upama sarupane gegodhongan kabeh putih, mbok manawa akeh mripat lamur. Upama becika wungu, teneh sarupane tetuwuhan tinakdirake wungu. Upama becika kuning, mesthi tinakdir kuning. Upama becika abang, mesthi tinitah abang. Kang iku padha sumurupa, mulane suket lan gegodhongan tinakdir ijo, sabab warna ijo iku kang becik dhewe sarta ora mboseni dhewe. Sanyatane ora ana manungsa bosen marang warna ijo. Ing pakebonan, ing tegal, ing sawah-sawah, kabeh sarwa ijo, ewa semono ing sajrone omahe para tuwan ditanduri sadhang, pakis, pandhan, wregu, suruh lan liya-liyane, pating tremplek ana ing tembok, kongsi ketel kaya alas, pratandha saking kurang warege anggone nyawang wawarnan ijo, nanging aku ora maido, dhasar yen omah akeh ijone ana ing tembok utawa ing undhak-undhakan marakake singer.

Sok uga kowe padha eling, prakara iku, mesthi ora gelem ngunggul-unggulake warna saliyane ijo. Samber lilen iku pinunjul rupa ing padha-padha gegremetan. Ules kang pinunjul mau kang kaduk iya ijo, abang kuninge mung sethithik. Upama kaduk abang utawa kuning mesthi ala. Balik kaduk ijo banget baguse. Manuk merak iya pinunjul ing rupa pada manuk, warna apa kang kaduk, iya ijo, abang wungune mung sawetara. Upama ijone mung sethithik mesthine ala. Rehne mangkono tetela kupu kang bagus dhewe iku kupu ijo.

Nuli kupu biru celathu mangkene : ujaring kupu ijo mau wis bener, nanging kurang pratitis. Awit isih ana maneh titahing Pangeran kang ngungkuli ijo, ora mboseni salawase lan luwih akeh anane, yaiku biru. Tandhane, udhara, langit, gunung, banyu segara, padha tinitah biru. Delengen kang bagus pancen mung ijo lan biru. Akeh wong seneng ngenggar-enggar marang papan kang sarwa asri, dene papan kang asri mau mulane asri sabab ijo lan biru. Ora ana wong siji-sijiya kang bosen ngeleng papan kang terang sumilak lan asri, yaiku kang katon langit biru, gununge biru lan tetuwuhane kang katon ijo lan biru.

Laring samberlilen ijone kaworan biru, malah akeh birune katimbang ijone. Lar merak iya kaduk biru. Kehing warna biru kang ana ing alam ndonya yen ketimbang lan kehing warna ijo akeh birune babar pisan. Awit ijo iku mung dumunung ing dharatan, nanging yen biru iya ing dharatan iya ing lautan, iya ing awang-uwung. Ing awang-uwung ora ana enggon salenging edom kang ora kisen biru, sumrambahe marang gunung-gunung kang katon saka kadohan. Yen wong nunggang kapal ing satengahing segara, kang katon prasasat lor kidul wetan kulon biru kabeh, kaya-kaya jagade dadi biru kabeh. Kang mangkono mau dadi tandha yen biru iku warna kang becik dhewe, katitik saka karsane Kang Maha Kuwasa anggone nitahake warna biru dikehi tinimbang liyane.

Kupu ireng celathu mangkene, heh kisanak padha sarehna dhisik, mangsa anaa warna kang akehe ngungkuli ireng, tur ora ana warna kang pasajene kaya ireng. Mangkene wijangane, ora ana warna kang kehe ngungkuli ireng sabab yen ing wayah bengi alam donya ireng kabeh, ora susah diarani ing awang-uwung, ing dharatan, ing lautan, cukup diarani ora ana enggon kang ora ireng, banjur timbangen akeh endi karo biru. Mulane dak arani ora ana kang menangan kaya ireng, awit sakehing wawarnan yen wis kapracondhang dening ireng ora ana kang kawawa nanggulangi.

Sanajan bumi-langit yen katekan pepeteng kang warnane ireng, jagad kaya kinelem ing awang-uwung kang ireng meles. Mulane dak arani ora ana pasaja kaya ireng, sabab mangkono wong kang pasaja lan semuwa iku aklambli ireng, celana ireng, sepatu ireng. Akeh gagah mangsa kaya ireng, akeh pasaja kaya ireng, dalah rambut lan brengos kang bregas iya kang ireng. Gambar-gambar lan tulisan kang pasaja tur cetha iya kang ireng. Sarehne pasaja, mulane uga lana sarta kanggo ing saben dina, kaya ujare kupu wungu mau. Kang wungu sogane iya bener, nanging ireng ora kalah, yaiku wedelane.

Dongeng iku surasane mangkene :
Kang aran ala lan becik iku sajatine mung gumantung ana ing panganggeping ati. Apa kang lagi disenengi si ati, iku kang katon becik. Alane kalimput. Wong kang watak korupan, sadhengaha kang lagi disenengi dhene panyanane iku kang bagus dhewe.
Ana paribasan, wong dhemen ora kurang pangalembana, wong gething ora kurang pamada. Sarehne wis kinodrat dening Pangeran, manungsa padha dhemen marang awake, mulane ora ana manungsa kang jeleh ngalem awake. (PDPM-MJ)